“Alala tanalul ilma illa bisittatin, saumbika an majmu bibayani:
dzakaun, wa khirsun, wastikbarun, wabulghotun,
wairsyadu ustadzin, wa tuulu zamnin”
Anda tidak akan dapat meraih kesempurnaan ilmu, kecuali dengan 6 perkara ini,
yang diantaranya :
1. Kecerdasan (dzakaun),
2. Semangat,tekun,ulet dan tak gampang menyerah (Khirsun),
3. Sabar (Wastikbarun),
4. Rela mengeluarkan Biaya (Wabulghotun),
5. Mendapat Petunjuk / bimbingan Guru (Wairsyadu Ustadzin) ,
6. Membutuhkan proses, waqtu yang panjang (wa tuulu zamanin) ”
Ilingo gak khasil ilmu anging nem perkoro
Bakal tak ceritakke kumpule kanthi pertelo
*
Rupo limpad, lobo, sabar, ono sangune
lang piwulange guru lan sing suwe mangsane
*
Jo takon songko wong siji takono kancane
kerono saktemene konco manut kang ngancani
*
Yen ono konco olo lakune ndang dohono
yen ono konco bagus enggal ndang kancanono
*
Ngajiho kerono ilmu mahesi ing ahline
lan ngunggulke lan dadi tonndho tingkah pinuji
*
Onoho ngalap faedah saben dino ing tambah
songko ilmu lan nglangi segoronr faidah
*
Ngajiho fikih kerono ngunggulke lan nuduhke
maring bagus lan wedi Allah luwih jejekke
*
Ilmu fikih kang nuduhke dalane pituduh
Hiyo benteng kang nylametake sekehe pekiwo
*
Wong ngalim fikih siji tur kang ngedohi haram
luwih abot timbang ‘abid sewu, mungguh syaithon
*
Gedhene kerusakan wong ngalim gak ngelakoni
Luwih gedhe timbang iku wong bodho ngelakoni
*
Karone iku agung-agunge fitnah dunyo
Tumrape wong kang tetanggan perkoro agama
*
Siro kepingin dadi ‘alim fikih kang weco
ra tanpo kangelan edan iku werno-werno
*
Onoto golek arto ora kanthi kangelan
dene ilmu koyo opo khasil gak kangelan
*
Naliko sampurno akale kedhik guneme
lan nyatakno kumperunge wong yen keh guneme
*
Matine wong sebab kepleset lisane
ora kok matine sebab kepleset sikile
*
Dene mlesete lisan nekakke balang endhas
dene mlesete sikil suwe-suwe biso waras
*
Wong duwe ilmu urip langgeng sakwuse mati
dene adon-adone bosok ning ngisor bumi
*
Wong bodho mati khale mlaku ning ndhuwur bumi
den nyono wong kang urip nanging podho wong mati
*
Kabeh wong maring derajat luhur obahe ati
Tapine kedhik poro rojul iku netepi
*
Naliko ono siro iku wuwuran kaum
mongko ngancanono siro ing baguse kaum
lan siro ojo sok ngancani wong kang asor
mongko sebab den sor ke serto kang asor
—
Disikkae ingsun ing guru ngareke bopo
Senajan oleh kamulyan ingsun songko bopo
*
Dene guru iku kang ngithik-ithik ing nyowo
Dene bopo iku den serupaake koyo soco
Dene wong tuwo iku kang ngitihk-ithik ing rogo
Dene rogo iku den serupaake wadah soco
*
Aku wis neqodake luwih khaq-khaqe bener
Yaiku khaqe wong kang nuduhake barang bener
Lan luwih tak teqodake luwih wajib den rekso
Mungguhe kabeh wong islam kepingin biso
*
Guru wis mesthi dihadiahi sewu dirham
Mulyakke kerono mulang huruf siji tur paham
*
Ningali ingsun maring siro kepingin mulyo
Mongko gak hasil mulyo siro yen during ini
*
Naliko olo lakune wong olo nyanane
Lan bener nyanane wong bener pengadatane
*
Ora ono menungso iku wujud perkoro
Kejobo sifat siji saking telung perkoro
Sewiji sifat mulyo kepindo mulyakne
Kaping telu iyo madani konco-koncone
*
Dene wong sak dhuwur kuwakawu weruh derajate
Lan aku manut khaqe mero mergo khaq barang mesthi
*
Dene wong sak podhoku lamun wong iku kleru
Podho ugo iku wong keluputan marang aku
Mongko aku wayah kenugerahan marang kang salah
Kerono nugerahan ngungguli shifat bungah
*
Dene wong sak ngisorku aku shobar biasa
Ngrekso kawirangan senajan aku den wodo
*
Tinggalo siro ing wong siji olo lakune
Tegese ojo males olo kang dilakoni
Kerono bakal den cukupi kelakuane
Lan sekabehe barang-barang kang dilakoni
*
Onoto kabeh dudu golongane wong tuno
Liwate kanthi nganggo di etung umur kito
*
Ngajiho ilmu siro kerono gak no wong siji
Iku den anaake kanthi uwis mangerti
Dene wong duwe ilmu mulyane lan agunge
Gak podo wong kang bodho inane lan asore
*
Lungoho soko deso perlu ngudi kamulyan
Kerono limang perkoro den temu ing palungan
*
Siji ilange susah loro rizqine tambah
Kaping telu tambah ngelmu nyebabake bungah
Kaping pate biso bagusi ing totokromo
Kaping ,limo merkoleh konco kang mulyo-mulyo
*
Senajan ono ing lelungan ngeroso ino ngumboro
Lan njunkung oro-oro lan ngelakoni sengsoro
*
Uripe wong anom luwih apike matine
Ing deso kumpul wong kang adu-adu lan wong drengki
—
Kitab Ala la Tanalul ‘Ilma
Muhammad bin Ahmad Nabhan.
Pesantren Agung Lirboyo, Kediri.
________________________________
Tammat “bita’liimul muta’alimi” bi ‘aunillah al malik al manan.
wallohu a’lam bis showab.
waljamdulillah hirobbil ‘alamiin
Tidak ada komentar:
Posting Komentar